Pangerten Geguritan


 

 

     Isih eleng ta, apa iku geguritan ???.... Sak durunge nyinaoni bab geguritan, ayo padha ngisi presensi kelas.

    Mangerteni Bedane Geguritan Lan Tembang

     Geguritan yoiku sawijining rumpakan, pepethan, karangan kang awujud reroncen tembung lan ukara kang endah, ringkes, padhet lan mentes. Geguritan kalebu karya sastra Jawa gagrak anyar. Ana sing ngarani geguritan iku puisi Jawa modern, maksude wujude puisi lan muncul ing jaman sastra Jawa anyar/modern.

     Ing sejarah kasusastran Jawa, wujud puisi iku ora mung geguritan bae, nanging uga ana tembang. Apa bedane? Geguritan iku ditulis tanpa paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu, dene tembang iku kaiket ing paugeran guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

     Tembang ing kasusastran Jawa iku werna-werna. Ana tembang gedhe, tembang tengahan, lan tembang cilik (alit). Tembang gedhe utawa sekar ageng iku kanggo nyebut kakawin kang muncul ing jaman sastra Jawa Kuna. Tembang tengahan lan tembang cilik iku kalebu tembang macapat. Tembang tengahan iku uga ana kang ngarani kidung yaiku tembang kang muncul ing jaman Jawa Tengahan. Saliyane iku ana maneh tembang dolanan lan tembang campursari. Yen cakepan tembang dolanan lan tembang campursari diwaspadakake, apa ya bedane karo geguritan?

     Tuladhane tembang dolanan lan tembang macapat kaya ing ngisor iki.


Tuladha tembang dolanan:

SLUKU-SLUKU BATHOK

Sluku-sluku bathok
bathoke ela-elo
si rama menyang solo
leh-olehe payung motha
mak jenthit lololobah
uwong mati ora obah
yen obah medeni bocah
yen urip nggoleka dhuwit
 

tuladha tembang sluku-sluku bathok 

Tuladha tembang macapat:


                                       

Semaken tuladha geguritan ing ngisor iki, banjur wacanen!

                                     PATULADHAN

                                Dening: Davit Harijono


     kang mimpin
     oraa ana ing ngarep
     nanging cahyaning
     patuladhan iku kudu
     ngaton mangejawantah

                    yen wus madhep mantep
                    tegese tegen
                    ngendhaleni panguwasa
                    nyekel pusara
                    ya pusakaning adil

     yen jirih wateke
     mung bakal tansah
     singidan dhedhemitan
     samun kang dadi
     patuladhane kuthun

                    pancen kang
                    mimpin iku dudu
                    empuke kursi kok
                    apamaneh kerta aji
                    angen-angen kurang duga

     iku kabeh bakal tumeka kaya wahyu
     awit karsaning bumi iki bisaa lestari
     ing tentrem lan ing makmur
     manitis sukmaning kusuma bisaa
     ngambar arum saindenging nuswantara

*Panjebar Semangat 12, 22 Maret 199

tuladha maca geguritan 

 

     Kanggo mahami bedane geguritan karo tembang dolanan lan tembang macapat, gawea kelompok (terdiri dari 4-6 anak) lan wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!

  1. Katitik saka wujude, apa bedane?
  2. Tembang dolanan lumrahe isine bab apa?
  3. Tembang ”Sluku-Sluku Bathok” isine ngenani apa?
  4. Tembang macapat isine ngenani apa?
  5. Kepriye bab olah basane geguritan ”Patuladhan” ?
  6. Apa bedane karo basa sing digunakake ing tembang dolanan lan temban campursari?
  7. Piwulang moral apa kang kinandhut ing geguritan ”Patuladhan” ?