Praktek Maca Geguritan


         Sawise makarya bebarengan, kanggo nambah kawruhmu babagan geguritan prelu latihan kanthi mandhiri. Karya sastra geguritan iku akeh banget sumebar ing kalawarti lan ing antologi. Bocah-bocah bisa maca lan nyinaoni geguritan kang kapacak ing kalawarti Jaya Baya apadene Panjebar Semangat. 


Maca Endah Geguritan. Tindakna pakaryan iki: 

  1. Pilihen salah siji geguritan sing kosenengi. 
  2. Sawise kongerteni isine, wenehana tandha andhegan adhedhasar interpretasimu. 
  3. Gladhinen maca endahmu, nganti katon trampil, luwes lan becik.
  4. Paragakna maca endah geguritan pilihanmu, yen perlu rekamen (MP4) supaya bisa dideleng kaluwihan lan kekurangane.
  5. Kirimake tugas menyang alamat sing diwenehake dening guru