Maca Endah Geguritan


    Maca endah iku sawijining ketrampilan basa kang nggandhengake unsur basa lan kaendahan utawa seni. Kegiatan maca endah geguritan diarani kasil lan apik yen para siswa wis bener lan pener ing bab basane (lafal, intonasi, andhegan, lan sapanunggalane) lan becik utawa endah tur nyengsemake ing bab senine (ekspresi, solah-bawa, wirama,lan sapanunggalane). Ana sing luwih penting maneh, maca endah geguritan iku tujuane sing nyemak, sing ngrungokake dadi ngerti isi, piweling, lan kaendahaning geguritan sing diwaca.

     Amarga geguritan iku mapan ing alam kabudayan Jawa, kabeh mau kudu didhasarake wewatakan, tatakrama, lan sopan santun Jawa. Maca geguritan iku kudu njawani.

Tatacara maca geguritan sing becik, yaiku: 

  1. Geguritane kudu wis ditemokake struktur lair-batine (interpretasi geguritan)
  2. Geguritane diwaca paling ora rong rambahan, tembung-tembung, ukara, lan bagean kang penting kudu dingerteni luwih dhisik.
  3. Geguritan iku diwenehi tandha pamaca lan tandha andhegan. Yen perlu geguritan iku bisa ditulis maneh manut interpretasine para siswa.
  4. Kanggo gladhen, geguritan mau diwaca manut tandha pamaca lan tandha andhegan, uga katrangan solah bawane. Gladhen dianggep cukup yen para siswa wis bisa kanthi lancar lan ora rumangsa isin, kikuk, kaku, salah tingkah nalika maca endah geguritan.

 

Vokal/Swarane

     Swara kudu bantas, resik, tur cetha pangucapane. Ing bab vokal/swara iki kudu dimangerteni bab-bab ing ngisor iki : 

  1. artikulasi : pangucapane aksara lan tembung kudu wuwuh lan cetha.
  2. diksi : pangucapane tembung-tembung mau endah, kanthi rasa-pangrasa, ana sing landhep, wengis, sabar, alus, kereng lan sapanunggalane. Para siswa kudu bisa milih tembung-tembung ing geguritan lan cara pangucapane.
  3. tempo : alon-cepete pangucapan, dijumbuhake karo napas lan swasana sing pengin diwedharake.
  4. dinamika : alon-bantere swara, selaras-seimbange pamaca geguritan, nganti dadi kaya wirama kang endah lan gawe pamirsa lan pamireng dadi kesengsem.
  5. modulasi : owah-owahane swara, umpamane swara wong tuwa, bocah cilik, swarane digawe cempreng, ulem, geter, lan sapanunggalane.
  6. intonasi : lagune ukara, pada. Para siswa kudu wani nemtokake sawijining pada dadi ukara pitakon, apa prentah, lan sapanunggalane.
  7. andhegan : andhegan-jeda, yaiku pedhotane tembung lan ukara ing geguritan kanthi tujuan nguwatake maksud lan artine geguritan.
  8. ambegan : teknik ambegan/napas iku penting banget. Para siswa kudu sinau teknik ambegan weteng (=pernafasan perut). 
 

Solah Bawane  

     Obahing awak sakujur kudu bisa nguwatake geguritan apa sing lagi kawaca, solah bawa kudu bisa : 

  1. komunikatif: maca endah geguritan iku kudu dirasakake, maca-solah bawa sing metu saka ati supaya bisa nggeterake atine pamirsa.
  2. ekspresif : asil saka interpretasi, ngerti marang struktur lair-batin geguritan mau diwujudake kanthi mimik-pantomimik-kinetik lan solah bawa kang becik lan endah.
  3. konsentrasi: fokus, para siswa kudu munjerake pikiran, wektu lan tenaga kanthi nggladhi sinau maca geguritan supaya asile ora getun tiba buri. Sebab kalodhangan lan wektu iku ora bisa dibaleni.

 

Tandha andhegan

     Maca endah geguritan dadi luwih gampang yen para siswa uga menehi tandha andhegan, yaiku tandha pambiyantu nalika praktek maca endah geguritan. Ing ngisor iki tandha andhegan kang umum digunakake. Para siswa bisa bae nggunakake tandha liyane kang luwih gampang lan becik asile. Ayo digatekna lan dipraktekake!

 

 

 

 

 

 


.........................................................................................................................................................................