Menehi Tandha Adhegan



 Halo... Pelajar Malka, kepriye kabarmu?......

     Ing piwulangan iki bakal ngrembug babagan 'menehi tandha adegan ing geguritan'. kepriye anggone nindakake utawa apa wae pratandha-pratandhane adegan kasebut... Ayo podho delengen andharan ing ngisor iki !

     Maca endah geguritan dadi luwih gampang yen para siswa uga menehi tandha andhegan, yaiku tandha pambiyantu nalika praktek maca endah geguritan. Ing ngisor iki tandha andhegan kang umum digunakake. Para siswa bisa bae nggunakake tandha liyane kang luwih gampang lan becik asile.

     Ayo digatekna lan dipraktekake!


 

Tuladha geguritan iki, ayo diwaca bebarengan! 

                         TAKON // IBU//

                         Anggitane // Ria Afrisca √√ 

 

/// Sepuluh / taun 

Aku √ / ora ketemu ~// 

Rasa kangenku ~~//  

Saya suwe// 

Saya abot √√/ daksimpen / dhewe __ _ /// 

 

           Aku √ / ora weruh √√ // 

           Ndhik endi __ / panggonanmu __ / 

           Kaya apa __ / kahananmu __ // 

           Aku ~ / mung √ / eling √ / sliramu ~~ // 

           Kepengin √√ / aku / ketemu √ / 

           Ngrungu / pituturmu ~~ 

           Ndeleng √ // esemmu √√__ /// 

 

Ibu, √√√__ // 

Kapan √√ / nggonmu / mulih ~~// 

Aku √ / ing kene √ / ngenteni ~~ // balimu ~ //

 

 Gatekna !!!

Bebarengan karo kancamu sabangku, pilihen salah siji geguritan lan wenehana tandha andhegan kaya tuladha ing dhuwur adhedhasar interpretasimu!, kirim jawabanmu ing kene !