Smt 2 Jenise Basa Rinengga ()


      Ing basa Jawa ana basa rinengga kang digunakake kanggo nguri-uri basa. Basa rinengga asring digunakake ing pewayangan, upacara, lan maneka warna acara liyane sing mbutuhake tuturan sing apik lan migunani. Basa rinengga ing basa Indonesia meh padha karo gaya basa. Basa rinengga ana sawetara jinis kayata tembung saroja, tembung camboran, tembung entar, wangsalan, paribasan, lan merdeka. Saben jinis rinengga nduweni ciri dhewe-dhewe yen digunakake sajrone ukara. Ing ngandhap menika andharan ngengingi teges, jinis saha tuladhanipun basa rinengga.

 

Pangerten Basa Rinengga

     Kacarita saka buku Panaliten Seni Pertunjukan – Rajawali Pers, Ribut Basuki, (2021:14), basa rinengga dumadi saka rong tembung, yaiku basa kang nduweni teges basa lan rinengga kang tegese dihias. Dadi, basa rinengga mujudake basa kang katata endah lan dumadi saka gabungan tembung-tembung kang banjur dadi ukara kang endah lan narik kawigaten, saengga bisa nyemplung ing sajroning ati.

 

Tujuan Basa Rinengga

     Panganggone basa rinengga sajrone kasusastran Jawa nduweni tujuan kanggo nambah kaendahan ing ukara, kayata tembung kiasan ing pantun utawa paribasan.

 

Jenis Basa Rinengga

1.1. Tembung Saroja

     Miturut ahli basa, Padmosoekatjo (1953:24), tembung saroja yaiku tembung rangkep (kata ganda) utawi tembung kalih ingkang tegesipun sami utawi meh sami, saha limrahipun dipunginakaken sesarengan. Tuladhane: 

·         Gagah prakosa = gagah perkasa

·         Akal budi = pemikiran

·         Teguh santosa = kuat

·         Tindak tanduk = tingkah laku

·         Padhang jingglang = terang benderang

·         Arum wangi = bau wangi

·         Kukuh bakuh = kuat

·         Watak wantu = sikap

·         Bunder seser = bulat sekali

 

2. Tembung Entar

     Kapethik saking buku Gladhi Basa Jawa Kelas V SD/MI (2015) anggitanipun Dhita Puspitasari dkk, tembung entar kalebet jinising basa rinengga ingkang gadhah teges ingkang lepat (makna ganda). Tembung Entar "nyilih" istilah kanggo nerangake makna sing beda karo istilah kasebut. Ing basa Indonesia, tembung entar biasane diarani tembung kiasan (bahasa kias). Yaiku tembung-tembung kang ora nduweni teges satemene lan bisa digunakake kanggo nandhesake utawa nyorot apa kang arep diwedharake.

     Ing pacelathon padintenan, tembung entar dipunginakaken tiyang Jawi kangge ngandharaken sarkasme dhateng tiyang sanes. Ukara-ukara ing tembung entar nduweni tujuwan kanggo nyindir wong tanpa gawe lara banget.

Tuladhane:

 ·  Abang kupinge : nesu banget (marah sekali). 

·  Bau tengen : wong kang dipercaya (orang yang dipercaya) 

·  Cilik atine : kuwatir/wedi (khawatir/takut). 

·  Dhuwur atine : gumedhe (sombong). 

· Empuk rembuge : guneme enak dirungokake (pembicaraannya enak didengarkan). 

· Gadho ati : gawe susah ati (membuat hati susah). 

· Ilat mati : ora bisa ngrasakake (tidak bisa merasakan). 

· Jembar polatane : sumringah (gembira). 

·Kembang lambe : tansah digunem kebecikane (selalu menggunakan kebaikannya) 

·  Lumah tangan : ora gelem cawe-cawe (tidak mau repot). 

·  Matha dhuwitan : srakah marang dhuwit (serakah terhadap uang). 

· Ngekep dhengkul : nganggur ora nyambut gawe (menganggur). 

 

3. Wangsalan

     Ing basa Jawa wangsalan yaiku unen-unen cangkriman, naning wis dibedek. Tegese wangsalan yoiku tembung-tembung utawa ukara ikang awujud cangkriman, yenta wangsulane wis ditebak dhewe. Nanging, iku mung pitunjuk lan ora persis padha karo jawaban asli. Dadi wangsalan lamba iku opo? Wangsalan lamba yaiku jinis cangkriman kang isine mung siji. Wangsalan lamba ana rong ukara, ukara kapisan ngemot cangkriman, ukara kapindho ngemot pitedah wangsulan.  Ing ngisor iki ana tuladha wangsalan lamba sing bisa kok dadekne referensi nalika dolanan karo kanca

  • Mutra bebek, kawit mau mung wira wiri.

  • Klapa mudha. yen kalegan paringa apura. 

  • Sekar aren, rawuhipun sampun dangu-dangu. 

 

Witing klapa, klapa kang taksih mudha

 Salugune wong mardi pikir raharja

 

Tembung basa, kasekten radyan senggono

Yen ngendika, yua gawe seriking ndriya

 

Yaksa dewa, dewa-dewi lir genawa

Kala mudha, bangkit ambingkas durgama

 

Garwa nata, timure begawan durna

Ywa prasetya, aja cidra ing ubaya

 

Jarwa wikan, sisa brama aranira

Kawruhana, jerbasuki mawa beya

 

Barat sirat, pasewakan jro nayaka

Wus kapupus ing ndriya manganti sira

 

4. Purwakanthi

     Tembung purwakanthi menika kadadosan saking kalih tembung, yaiku ‘purwa’, lan ‘kanthi’ Tembung purwa tegese wiwitan, dene kanthi tegese kanca utawi mitra. Dadi, purwakanthi mujudake tatanan tembung-tembung kang nggatekake wujud gancaran swara (vokal) utawa sastra (konsonan) kang kasebut ing wiwitan Wiwit jaman biyen,wong Jawi taksih ngginakaken purwakanthi minangka ungkapan supados langkung ringkes kanthi tetembungan ingkang endah saha gampang angggen dipun emut.

 

a. Purwakanthi Guru Swara

     Purwakanthi guru swara yaiku jenis tembung purwakanthi sing nduweni tembung kang padha bunyi vokale (a, i, u, e, o). tuladha :

·         Adigang, adigung, adiguna.

·         Ana awan, ana pangan

·         Ana bungah, ana susah iku wis lumrah

·         Becik ketitik, ala ketara

·         Cecak nguntal cagak


b. Purwakanthi Guru Sastra

     Dadi, yen Purwakanthi guru sastra kalebu jinising guru sastra, kalebu jinis Tembung Purwakanthi kang aksara konsonanane padha ing wiwitaning tembung. Tuladha:

·         Babat, bibit, bobot, bebet

·         Garang nanging garing.

·         Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani

·         Katula-tula ketali

·         Laras, lurus, leres, laris.

 

c. Purwakanthi Guru Basa (Purwakanthi Lumaksita)

     Purwakanthi guru basa katanda karo ukara sing dibaleni maneh (lumaksita). Tegese, ana ukara sing wis disebut ndk awal, ditulis maneh ing ukara saklajenge

·         Kepingin tuku buku, bukune wis entek.

·         Nemu kembang, kembange wangi, wangine gawe keblinger.

·         Kejaduk tembok, temboke sing warna biru, birune kaya langit.

·         Bayem ardha, ardhane ngrasuk busana

·         Witing klapa, klapa mudha saumpama

 

 

5. Paribasan

     Paribasan inggih menika ungkapan wonten ing basa Jawi ingkang panganggenipun pasti, gadhah teges denotatif, saha boten ngewrat simile. Paribasan dipunsebat ungkapan ingkang panganggenipun tamtu amargi ungkapan-ungkapan ingkang kados mekaten menika sampun dangu wonten ing pangrembakanipun kasusastran Jawi saha dipunwarisaken kanthi turun temurun dados folklor lisan. Teges denotatif tegese paribasan ora nggunakake basa kiasan.

Tuladha:

·         Ana catur mungkur tegese ora gelem ngrungokake rerasan wong liyan (tidak mau mendengarkan gosip orang lain).

·         Undhaking pawarta sudaning kiriman tegese pawarta lumrahe mundhak saka nyatane, nanging kiriman lumrahe suda (seseorang menyampaikan kabar atau percakapan akan ditambah-tambahi, namun kalau menyampaikan kiriman berupa harta benda ada kemungkinan berkurang).

·         Adigang adigung adiguna tegese ngendelake kekuwatan, kaluhuran, lan kapinteran (seseorang yang menyombongkan kekuatan, kedudukan, dan kepandaian).

·         Blaba wuda tegese marga saka bangeting lomane, nganti uripe dhewe nandhang kacintrakan (karena terlalu dermawan, hidupnya sendiri malah sengsara).

·         Durung ecus keselak besus tegese durung pinter sekolahe wis nduwe pepenginan sing ora-ora (belum lulus sekolah atau pintar sudah menginginkan hal yang tidak masuk akal)

·         Dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan tegese wong liya nanging yen nganti nandhang ora kepenak ya melu ngrasakake (ora lain namun kalau menderita kita akan ikut merasakan atau bersimpati).


6. Bebasan

     Bebasan yaiku ungkapan wonteng ing basa jawi kang nduweni makna konotasi, lan panggonane wis pasti lan ngemut  perumpamaan (metafora) yaiku wujud tingkah laku manungsa. Tuladha:

·         Lahang karoban manis tegese wong kang bagus rupane utawa wanita kang ayu tur wewatakane ya luhur. (Orang yang baik lahir dan batinnya.)

·         Nabok nyilih tangan tegese namakake tumindak ala sarana kongkonan. (Berbuat buruk dengan cara memerintah orang lain.)

·         Kocak iku tandha lukak tegese wong kang sugih omong pratandha durung akeh kawruhe. (Orang yang suka membual tanda orang yang belum banyak pengetahuannya.)

·         Kebak luber kocak-kacik tegese wong kang owah pikire. (Orang yang sakit jiwa.

·         Suduk gunting tatu loro tegese nindakake sawijining bab wasanane nandhang kapitunan luwih sawarna. (Melakukan suatu hal yang menyebabkan kerugian lebih dari satu.)

 

7. Saloka

     Saloka minangka wujud basa rinengga utawi gaya basa. Saderengipun sampun dipunrembag babagan gaya basa sanesipun, antawisipun tembung pepindhan, tembung entar, saha tembung saroja. Tembung saloka dhewe minangka ungkapan ing basa Jawa sing panganggone wis mesthi, nduweni teges konotatif, lan ngandhut simile.

Tuladha:

·         Bebek mungsuh mliwis = Wong pinter memungsuhan karo wong pinter, nanging sijine kalah ulet lan trampil.  (Orang pandai bermusuhan dengan orang pandai tetapi yang satu kalah tekun dan terampil)

·         Belo melu seton = Wong kang melu-melu, nanging ora ngerti karepe/tujuwane. (Orang yang hanya ikut-ikutan tetapi tidak mengerti maksud dan tujuannya).

·         Cecak nguntal empyak/cagak = Gegayuhan kang ora timbang karo kekuwatane. (Keinginan/ cita-cita yang tidak sesuai dengan kemampuannya).

·         Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = Ala diunekake apik, apik diunekake ala. (Buruk dikatakan baik dan baik dikatakan buruk).

·         Dom sumurup ing banyu = Wong kang lakune sesindheman kanggo nyumurupi wewadi.  (Melakukan sesuatu secara diam-diam untuk menutupi keburukan)

·         Gajah alingan suket teki = Lahir lan batine ora padha bakal ketara. (Sifat/kelakuan lahir maupun batin biarpun tidak kelihatan pasti akan terlihat).

·         Gajah tumbuk karo gajah, kancil mati ing tengah = Wong gedhe pasulayan karo wong gedhe wong cilik sing dadi korbane. (Orang yang berkedudukan saling bertengkar, rakyat kecil yang menjadi korban.)

·         Idu didilat maneh = Wong kang menehi dijaluk bali maneh utawa murungake janji kang wis diucapake. (Orang yang sudah memberi kemudian meminta kembali pemberiannya atau membatalkan janji yang diucapkan).

·         Kacang mangsa ninggala lanjaran = Pakulinane anak biasane niru tumindake wong tuwane. (Kebiasaan anak biasanya akan meniru perbuatan orang tuanya).

·         Kriwikan-dadi grojogan = Prekara cilik dadi prakara gedhe tur ngambra-ambra. (Permasalahan kecil menjadi besar dan menjadi-jadi).

 

8, Pepindhan

     Pepindhan inggih menika tembung ingkang ngewrat presuposisi saha simile, utawi dipunsebat tembung ingkang boten ngewrat teges nyata. Mula, tembung iki umume ngemot tembung kahanan, kayata "kaya" sing tegese 'bak' utawa 'bagai'. Tuladhane:

·         Motore bantere koyo angin = Kendaraannya melaju kencang seperti angin

·         Suaramu kaya bledek = Suaramu seperti petir

·         Abote kaya watu = Beratnya seperti batu

·         Hawane adem kaya es = Udaranya dingin seperti es

·         Bakmine pedese kaya setan = Bakminya pedasnya seperti setan

·         Rasane asin kaya banyu laut = Rasanya asin seperti air laut

·         Galake kaya macan = Galaknya seperti macan

·         Wong kok malese koyo kebo = Orang yang malas seperti kerbau

·         Pecicilan kaya tikus = Tingkahnya seperti tikus

·         Bobotmu enthenge kaya kapuk = Berat badanmu seringan kapas

 

 

9. Parikan

     Pepak Basa Jawa karangan Budi Anwari (2020: 178). Ing buku kasebut ditulis, “Parikan yaiku unen-unen kang dumadi saka rong ukara. Ukara Sepisanan Kanggo Narik Kawigaten, lan Ukara Kapindho Minangka Isi. Parikan iku kaya pantun nanging mung rong larik, parikan iku purwakanthi guru swara.” Tegese parikan yaiku rerangkening ukara kang dumadi saka rong tembung. Ukara kapisan mujudake ukara kanggo narik kawigaten, lan ukara kapindho minangka isi. Parikan wujude kaya pantun nanging mung dumadi saka rong larik. Parikan padha nggunakake guru swara. Salajengipun wonten ing buku kanthi irah-irahan Pantun lan Puisi Melayu Kuna anggitanipun Eko Sugiarto (2016: 9) dipunandharaken bilih wujud parikan wonten ing kasusastran Jawi saged dipunbandingaken kaliyan wujud pantun wonten ing kasusastran Melayu. Buku menika ugi ngandharaken bilih bedanipun parikan kaliyan pantun menika wonten ing cacahing larik saben bait. Yen pantun dumadi saka patang larik, parikan lumrahe mung dumadi saka rong larik. Pramila parikan saged dipunbandingaken kaliyan pantun kilat utawi karmina wonten ing puisi Melayu.

     Tuladha: 

·         Kopi bubuk, gula jawa

Yek kepethuk, atine lega

 

·         Mangan kupat, dicampur santen

Manawi lepat, nyuwun pangapunten

 

·         Suwe ora mangan ketan, ketane digoreng sangan

Suwe ora ketemu mantan, ketemu pisan aweh undangan

 

·         Dino Jumat dino Minggu, lungo wedangan srawung kekancan

Rindune kumat pengen ketemu, neng kok kelingan wes dadi mantan