Smt 2 Panganggone Basa Sajrone Teks Sastra lan Non-Sastra


Mengenal Basa Rinengga, Bahasa dengan Kalimat yang Indah dan Penuh Perasaan

     Perlu kawuninganan, wulangan 5 iki mujudake pasinaon bab surasaning basa utawa tegesebasa. Pasinaon iki duwe karep amrih para siswa bisa mbedakake panganggone basa sajrone kasusastran lan panganggone basa non sastra utawa panganggone basa pedinan, utawa panganggone basaresmi. Kejaba iku para siswa bisaa mbedakake tetembungan kang ngemu teges entar (dudu tegese sabaene), lan tetembungan kang ngemu teges wanthah utawa lugu.

     Ing kegiyatan iki para siswa kaajab bisa nyinaoni bab basa sastra lan basa non sastra. Kanggo nggampangake anggon kita nyinaoni bab iki ayo bebarengan nyurasa teks Kirab Kanarendran.

     Sadurunge nyinaoni surasane basa sastra lan non sastra kang kapacak ing teks Kirab Kanarendran, wangsulana pitakon-pitakon iki!

Apa bedane basa sastra lan basa non sastra?

Kapan kita migunakake basa sastra?

Kapan kita migunakake basa non sastra?

     Nalika kita awor kanca ing tengahing pasrawungan, kita bakal wawanrembug utawa imbal wacana antarane siji lan sijine. Ing kahanan tartamtu, kita butuh medhar gagasan kanthi lugas. Basa kang lugas kang kita wedharake kaajab bisa nggampangake anggon kita imbal wacana. Kanthi basa kang lugas, kaajab ora nuwuhake panyakrabawa kanggone kang kaajak rembugan. Kanthi mangkono kanca rowang kita bakal bisa nampa kanthi cetha apa kang dadi underaning gagasan kita. Antarane wong siji lan sijine ora bakal ana gesehing panemu, awit tegese pancen lugas. Kang mangkono iku bisa kita tindakake ing tata tulis apa dene lesan. Tuladha: 

     Tembung narima ing pandum wis kerep dirungu lan diucap, nanging satemene angel yen ditindakake. Nyatane isih akeh banget wong kang ora bisa nampa kahanan kang pancen kudu ditampa. Akeh wong edan saka anggone susah kedlarung-dlarung, kapara malah ora sithik sing nganti nekat lampus dhiri. Kanyatan iku nuduhake yen satemene wong-wong mau durung bisa nindakake rasa narima ing pandum.

     Narima ing pandum ngemu teges nampa kanthi ekhlas apa sing ditampa lan apa sing diasilake. Unen-unen iki mujudake wewarah becik kanggo nggegulang watak kang luhur, yaiku watak pasrah lan ekhlas mring peparing lan kuwasaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wewarah iki ana sambung rapete karo kapercayan pribadi ing babagan kodrate manungsa sing minangka kawulane Gusti Allah. Tegese, manungsa minangka titah sawantah kaparingan kawenangan ndonga lan mbudidaya sakuwat tenagane, nanging ora wenang mesthekake asil utawa pikolehe kang kudu jumbuh karo apa kang dikarepake. Kabeh pepesthen mau mung kagungane Gusti kang Akarya Jagad. 

     Ewa dene kalamangsa, nalika kita sesrawungan ing bebrayan, sok kita perlu medharake gagasan kanthi ora melok utawa sinamudana. Nalika kita medharake gagasan perla kita tata kanthi tharik-tharik, kanthi njlimet, kanthi tumata, titi, tatas, titis lan mranani. Sapa kang kita ajak wawanrembug, perlu diwenehi kalodhangan kanggo ngrasa-ngrasakake kanthi rosing rasa kang rinuruh. Awit basa kang kita gunakake nyata basa kang endah lan lungit. 

 

wacan 1

Cinandhi
Anggitane : J.F.X Hoery

Dina iki dakoyak playune wektu, sing
Balapan karo angin jaman
Tibake nggawa mlayu umurku
Bengi iki dakoyak playune mangsa, sing
Balapan karo keteging nafas
Tibake wis gendhakan karo kodrating alam

Sapa kang inceng – inceng saka waliking sepi
Sing kijenan ngangkah lakuning pepesthen
Pinotha – potha dadiya lajer
Binandhul pratandhaning panjaka jangkah
Kliwat lamun winadhahan udhu sembur
Dakpasrahake marang smara bumi keblat papat
Kang bakal ngreksa jagat sawantah
Bali marang sejatining rasa jati
Cinandhi ing uleganing pangawikan
Sing wis ora malang tumoleh

Bojonegoro, 2008

wacan 2

Narima ing Pandum

     Tembung narima ing pandum wis kerep dirungu lan diucapake, nanging satemene angel yen dilakoni sajrone urip sedana-dinane. Pancen isih akeh banget wong kang ora bisa nampa kahanan kang kudu ditampa. Akeh wong owah pikire saka anggone susah kedlarung-dlarung, kapara malah ora sithik sing nganti nekat lampus dhiri. Kanyatan iku nuduhake yen satemene wong-wong mau durung bisa nindakake rasa narima ing pandum. 

     Narima ing pandum ngemu teges nampa kanthi ikhlas apa sing ditampa lan apa sing diasilake. Unen-unen iki mujudake wewarah becik kanggo nggegulang watak kang luhur, yaiku watak pasrah lan ikhlas mring peparing lan kuwasaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. Wewarah iki ana sambung rapete karo kapercayan pribadi ing babagan kodrate manungsa sing minangka kawulane Gusti. Tegese, manungsa minangka titah sawanta kaparingan kawenangan ndonga lan mbudidaya sakuwate tenaga, nanging ora wenang mestekake asil utawa pikolehe kang kudu jumbuh karo apa kang dikarepake. Kabeh pepesten mau mung kagungane Gusti kang Akarya Jagad. 

     Minangka tuladha, umpamane ana wong kang anggone nyambut gawe wis mempeng banget, paribasan sirah kanggo sikil, sikil kanggo sirah lan ya wis ora kurang- kurang anggone mbudidaya kanthi donga lan ikhtiyar, nanging sanyatane asile ora sepiroa, kadang kala malah nandhang kapitunan. Yen lagi nandang kahanan kang kaya mangkene iki, minangka manungsa lumrah wis samestine atine banjur susah, lan ngresula. Yen wong sing cekak pikire, sing ora bisa nampa kahanan mau kanthi iklas, bisa-bisa pikirane malah ngambyawara nganti kumawani nyalahake Gusti Allahe, sing jare ora adil. Nanging beda, yen manungsa mau eling marang pitutur narima ing pandum, anggone susah lan ngresula mau ora bakal kedawa-dawa. Kanggo munggel pikiran kang susah ben ora kebacut
mutung, enggal-enggal nglenggana pasrah mring kuwasaning Gusti. Wusana gelem nampa kahanan mau kanthi lila legawa lan percaya yen kabeh mau mung wujud pacobaning urip. Saka kapercayane ati mring kuwasaning Gusti Kang Maha Kuwasa, malah tansaya sengkut anggone makarya lan tansaya gentur anggone donga. Awit wong kang kaya mangkene iki, percaya yen Gusti Allah ora sare, lan bakal paring kamulyan marang wong kang sabar, lan iklas nampa pacobaning urip.

     Dadi cethane, ngecakake unen-unen narima ing pandum ing bebrayan iku pancen dudu prakara gang gampang. Sing bisa nglakoni mung wong-wong sing duwe watak sabar, kang utamane tansah caket mring Gusti Allahe. Mung wong-wong kang duwe kapercayan kang kuwat, yenta manungsa mono mung saderma nglakoni. Paribasan manungsa iku mung dadi wayang, kari manut marang karepe dalang.

 

     Sawise nyemak kanthi setiti wacan ing dhuwur, wangsulana pitakonan-pitakonan ing ngsisor iki!

  1. Manut wujude, apa bedane wacan 1 karo wacan 2 ?

  2. Kanggo mangerteni isi lan gagasane, manut panemumu luwih gampang wacan sing endi?

  3. Sakwise mangsuli pitakonan nomer 2, banjur terangna alesanmu!

  4. Terangna apa wae bedane basa kang digunakake!