Ngonceki Pitutur Luhur Sajrone Tembang


Tembang-tembang kang dirembug ing pasinaon iki kapilih kang ngemu pitutur luhure. Tembang-tembang mau kapethik saka Serat Wedhatama, Serat Wulangreh, Serat Sabdajati, lan serat liyane. Serat yasane para pujangga mau ngandhut mutyara pitutur luhur kang gedhe banget guna paedahe tumrap tata panguripan saben dinane.
     Kanthi permana, golekana pitutur-pitutur luhur kang kaserat ing tembang macapat ing ngisor iki !. tugas dikerjakna kalian kanca sakbanku lan katulis ing buku tulis, kan dikumpulake ing guru.Para siswa kaajak nemoake pitutur-pitutur luhur ing tembang macapat ing ngisor iki.
 
1.       Asmarandana
Aja turu sore kaki
Ana Dewa nganglang jagad
Nyangking bokor kencanane
Isine donga tetulak
Sandhang kelawan pangan
Yaiku bageyanipun
Wong melek sabar narima
 
2.       Sinom
Nulada laku utama,
Tumrape wong Tanah Jawi,
Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati,
Kepati amarsudi,
Sudane hawa lan nepsu,
Pinepsu tapa brata,
Tanapi ing siyang ratri,
Amamangun karyenak tyasing sesama.