Jelajahi Makna Tembang Macapat


 

       Halo kanca-kanca sing tak tresnani!

     Ing pasinaon sadurunge, awake dhewe wis sinau babagan jenis-jenis lan paugeran tembang macapat. Dina iki, awake dhewe arep njelajah luwih jero babagan makna lan nilai luhur sing ana ing saben lirik tembang macapat. Ayo padha sinau bareng-bareng!

     Tembang macapat ora mung kumpulan tembung sing apik, nanging uga ngemot piwulang lan filosofi urip sing jero banget. Saben tembang nduwe makna lan nilai luhur sing beda-beda, sing bisa dadi pedoman urip awake dhewe.

     Coba gatekna tembang iki !!! 

Ngèlmu iku kalakone kanthi laku,
Lekase lawan kas,
Tegese kas nyantosani, 
Setya budya pangekese dur angkara. 
(serat wedhatama, pupuh:pucung, pada:33)

Terjemahan:

Ilmu itu diperoleh dengan cara melakukan
Dimulai dengan kemauan
Artinya kemauan yang menguatkan
Setia budi pekerti penakluk kejahatan

     Ing tembang iki, awake dhewe bisa nemokake nilai luhur babagan pentinge ngudi ilmu kanthi tumindak lan kemauan sing kuat. Piwulang iki isih relevan banget ing jaman saiki, ing ngendi awake dhewe kudu terus sinau lan ngembangake diri.

    Kanggo nglandepne pemahamanmu, ayo bebarengan karo kelompokmu nganalisis salah sawijining tembang macapat banjur temokake makna filosofis banjur presentasikna ing ngarep kelas !!!

      Kanthi laku sinau iki, awake dhewe wis nyoba nyelami samudra makna filosofis ing tembang macapat, liwat layar blogger. Muga-muga, saben ukara lan saben nada sing wis diwedhar, bisa dadi tetes embun kang nyegerake jiwa, lan dadi obor kang madhangi dalan pangerten awake dhewe.

     Ing semangat Merdeka Belajar, awake dhewe diajak mabur dhuwur, ngluwihi wates imajinasi, kanggo ngrakit tembang macapat kang endah lan kebak makna. Ing pertemuan sabanjure, ayo awake dhewe nggunakake ati lan pikiran, kaya dene para pujangga kang ngracik tembang kanthi rasa tresna.

     Matur nuwun kanggo kabeh partisipasi lan rasa tresna marang budaya Jawa. Muga-muga, sinau iki bisa dadi wiji kang thukul ing lemah ati awake dhewe, lan ngasilake woh kang migunani kanggo urip.

     Muga-muga materi iki migunani!