Sinau Aksara Jawa: Murda, Swara, lan Rekan


    Halo murid-murid kesayanganku kabeh!👋 Piye kabare? Pada semangat '45 kabeh ta? 💪🔥 Wah, Pak Vicky seneng banget iso 'nongkrong' bareng kowe kabeh neng dunia maya iki! 🤩 Dina iki, awake dhewe arep nyawang 'keajaiban' salah siji warisan budaya Jawa sing 'mbois' banget, yoiku Aksara Jawa! 📜💖

    Sakdurunge nyilem luwih jero, Pak Vicky arep 'ngobrol' sithik karo kowe kabeh. 🤔 Coba jawab jujur yo:

  • Kowe tau ora nyawang utawa krungu babagan Aksara Jawa? 👀 (Nek durung tau, ora popo! Saiki awake dhewe sinau bareng!)
  • Opo bedane basa Jawa biasa (nglegena), 'bos-e' aksara (murda), 'vokal spesial' (swara), lan 'konco impor' (rekan)? 🤔 (Mungkin koyo bedane kowe, koncoku, lan gebetanmu... eh, ora ding! 😜)

    Ojo kuatir nek bingung! Dina iki Pak Vicky bakal 'ngupas tuntas' babagan iki kabeh! 😉👍 Tujuan sinau awake dhewe iki ben kowe kabeh iso ngerti lan 'ngatur' carane nulis aksara murda, swara, lan rekan sing bener. 🎯✍️

    Lha kok penting banget sinau iki, Pak? 🤔 Eits, ojo salah! Sinau Aksara Jawa kui akeh 'manfaate' lho! Saliyane 'ngrumati' budaya lan ngerti warisane mbah-mbah buyut 👵👴, sinau iki yo iso nambah 'pintermu' moco lan nulis. 🤓 Bayangno wae, kowe dadi koyo 'arkeolog' sing iso moco tulisan-tulisan jaman biyen utawa ngerti maknane gambar-gambar neng bathik Jawa sing 'artistic' banget! Keren to? 😎✨

    Ayo mulai 'petualangan'! 🚀🗺️ Neng materi iki, fokus neng telung 'jenis' aksara, yaiku: Aksara Murda, Aksara Swara, lan Aksara Rekan. 🧐 Siap 'mbedah' siji-siji?"

1.         Aksara Murda👑
Murda tegese sirah. Aksara Murda = aksara sirah utawa aksara gedhe (iki kaya huruf kapital ing tulisan latin). Aksara Jawa (nglegena) kui ora due aksara gedhe, kabeh aksarane padha. Supaya ana, banjur dianaakekanthi jupuk aksara mahaprana. Nanging, ora kabeh aksara nglegena nduwe aksara murda.
Iki conto-conto aksara murda lan pasangane (sanajan ora kabeh nduwe pasangan)
 catethan (kejaba pa, kabeh pasangan manggo ngisor)
 
    Wiwitane aksara murda mung kanggo pakurmatan wae, tegese mung kanggo nulis asmane wong-wong luhur, jejuluke lan pandungane. Nanging kabeh sak iki kabeh jeneng becike ditulis nganggo aksara murda. Aksara murda ora kena dadi sesigeging wanda. Sing kudune katulis nganggo aksara murda dadi sigeg, aksara mburine wae sing dituis nganggo aksara murda, yen mburine ora ana, ya ora usah nganggo aksara murda.
Aksara murda iku biasane kanggo:
a) Nulis jenenge wong. Tuladha: Sri Sultan Hamengkubuwono 🤴,
b) Nulis jenenge panggonan/wilayah. Tuladha: Yogyakarta 🏰, lan
c) Nulis gelar kehormatan. Contone: Raden Mas 🏅
 
 Ewondene tata aturan utawa paugeran panulisan aksara murda, yaiku: 📝  

 1. Ing saben tembung, ora oleh ana luwih saka siji aksara murda. Biasane diselehake ing wiwitan tembung utawa ing aksara sing penting.

2.  Ora kabeh aksara nglegena nduwe wujud murda. Mung ana wolu aksara murda, lan,

3.  Pasangane aksara murda iku ora ana. 💔 Yen aksara murda ketemu karo aksara liyane ing sakwanda, aksara sakbanjure tetep ditulis nganggo aksara nglegena lan bisa diwenehi sandhangan. 😉

 

Tuladha:

2. Aksara Swara (Aksara Vokal Jawa) 🎶
Aksara Swara iki khusus kanggo nulis huruf vokal sing ana ing wiwitan tembung, utamane tembung sing asale saka basa liya. Ana limang aksara swara sing cocog karo vokal a, i, u, e, o. 🎤
Iki conto-conto aksara swara:
Aturan Panulisan Aksara Swara: 📝 1) Aksara swara iku mung kanggo ing wiwitan tembung. 🚀 Yen vokal ana ing tengah utawa pungkasan tembung, tetep nganggo sandhangan swara (wulu, suku, pepet, taling, taling tarung). 👇2) Ora nduwe pasangan. 😔 Yen aksara swara ketemu karo konsonan ing sakwanda, konsonan iku ditulis nganggo aksara nglegena.  Gambaran kanggo Aksara Swara: Bayangna aksara swara iki kaya penyanyi solo sing tampil ing wiwitan lagu! 🎤🌟.
Tuladhane 
3. Aksara Rekan (Aksara Serapan) 🤝
Aksara rekan yaiku aksara kang sengaja di reka utawa digawe njangkepi cacahe aksara kang bisa katulis nganggo Aksara Jawa. Gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethaake, luwih-luhiwh tembung kang asale saka Basa Arab. Aksara rekan iki diwenehi tandha cecak telu ing ndhuwur aksara nglegena.
Cacahe aksara rekan ana lima, dene wujude kaya ing ngisor iki:
Aturan Panulisan Aksara Rekan: 📝1) Aksara rekan iku kanggo ngeja konsonan serapan. 🌍, 2) Nduwe pasangan kaya aksara nglegena. ❤️3) Bisa diwenehi sandhangan. fleksibel 💪. Gambar kanggo Aksara Rekan: Bayangna aksara rekan iki kaya kanca anyar sing melu grup aksara nglegena! 🤗
 
Wayahe 'brainstorming' bareng! 🤔💬 Coba pikiren maneh conto-conto sing ana ing ndhuwur. Ketok ora bedane aksara Murda, Swara, lan Rekan. Sak iki coba tulisen ukara-ukara ngisor iki nganggo Aksara Jawa neng buku tulismu!!!
  1. Fauzi lunga menyang Surabaya.
  2. Zainal tuku susu lan roti
  3. Gajah kuwi manggon Afrika.
  4. Syaiful lagi maca koran.
  5. Indonesia nduwe gunung salah sijine Gunung Semeru

Nek ono sing 'mumet', ojo isin takon Pak Vicky yo! Awake dhewe sinau bareng koyo lagi 'ngevote' jawaban sing paling bener! 😊Nek wis rampung, maju 'pamerna'jawabanmu , ben dikoreksi Pak Vicky. 

Wah, ora kroso wis 'ngulik' akeh babagan Aksara Jawa dino iki! 😮 Muga-muga materi iki iso mbantu kowe luwih 'paham' babagan aksara murda, swara, lan rekan. 🙏. Kanggo pasinaon sabanjure yaiku alihaksara Jawa-Latin lan sak walike. Dadi, tetep semangat koyo arep 'level up' neng game yo! 🔥

Muga-muga ilmu iki bermanfaat kanggo kowe kabeh. 👍Ojo lali, terus latihan lan sinaoni luwih 'jero' babagan 'keindahan' Aksara Jawa iki! 💖 Semangat terus! 🔥💪.