Sinau Tembang Macapat: Jenis, Struktur, lan Paugeran


"Halo cah-cah kabeh! Piye kabare dina iki? Muga-muga kabeh sehat lan semangat yo! Sadurunge diwiwiti, ayo padha ndedonga dhisik.

Sak durunge Pak Vicky arep takon:

"Sapa sing wis tau krungu tembang macapat?"

"Apa sing kok ngerteni babagan tembang macapat?"

"Jenis-jenis tembang macapat iku apa wae?"

Aja kuwatir yen durung ngerti, dina iki awake dhewe bakal sinau babagan tembang macapat, mulai saka apa iku, aturan-aturan, nganti jenis-jenise. Sinau tembang macapat iku penting banget lho! Saliyane nglestarekake budaya Jawa, tembang macapat uga ngandhut piwulang sing becik kanggo urip.

Apa kuwi tembang macapat?

Tembang macapat kuwi puisi Jawa sing ana aturane. Aturane kuwi jenenge paugeran kang awujud dadi telung pirangan yaiku: guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu.

  • Guru gatra: Cacahe larik (baris) ing saben bait.
  • Guru wilangan: Cacahe wanda (suku kata) ing saben larik.
  • Guru lagu: Swara vokal ing pungkasan larik.

Jenis-Jenis Tembang Macapat:

Ana 11 jinis tembang macapat, saben jinis nduweni watak lan makna sing beda-beda.

1.1. Maskumambang 

Tembang iki nggambarake kahanan manungsa nalika isih ana ing kandhutan. Watake sedhih lan nelangsa, kaya wong sing lagi ngambang-ambang ing banyu, durung cetha uripe. Maknane, urip iku wiwit saka kahanan sing durung cetha, lan manungsa kudu siap ngadhepi kahanan sing ora mesthi.

2.2. Mijil 

Tembang iki nggambarake lair e bayi ing donya. Watake kebak pangarep-arep lan welas asih, kaya wong tuwa sing lagi seneng ndeleng anake lair. Maknane, saben manungsa lair kanthi suci lan nduweni potensi kanggo dadi wong sing becik.

   3. Kinanthi 

 

Tembang iki nggambarake masa anak-anak, nalika manungsa butuh tuntunan saka wong liya. Watake alus lan kebak tuntunan, kaya wong tuwa sing lagi nuntun anake. Maknane, manungsa butuh tuntunan saka wong liya kanggo nemokake jati diri lan dalan uripe.

4.4. Sinom 

Tembang iki nggambarake masa enom, nalika manungsa lagi ngembangake awake dhewe. Watake seneng lan semangat, 5kaya wong enom sing lagi seneng-senenge sinau. Maknane, masa enom iku wektu sing penting kanggo nggolek ilmu lan pengalaman kanggo nyiapake masa depan.

   5. Asmaradana 

Tembang iki nggambarake masa asmara, nalika manungsa lagi ngrasakake tresna. Watake kebak tresna lan kerinduan, kaya wong sing lagi kasmaran. Maknane, tresna iku bagian saka urip manungsa, nanging kudu diatur kanthi becik.

 

 

 

   6. Gambuh 

Tembang iki nggambarake masa bebrayan, nalika manungsa mbangun kulawarga. Watake tegas lan wicaksana, kaya wong tuwa sing lagi ngajari anake. Maknane, kulawarga iku penting kanggo urip manungsa, lan kudu dijaga kanthi becik.

7.7. Dhandhanggula 

Tembang iki nggambarake puncak urip, nalika manungsa ngrasakake kamulyan. Watake endah lan seneng, kaya wong sing lagi sukses. Maknane, urip manungsa iku ana kalane seneng lan ana kalane susah, nanging kudu tansah disyukuri.

   8. Durma 

Tembang iki nggambarake masa perjuangan, nalika manungsa ngadhepi tantangan. Watake keras lan semangat, kaya prajurit sing lagi perang. Maknane, manungsa kudu kuwat ngadhepi masalah lan ora gampang nyerah.

 

   9. Pangkur  

  

Tembang iki nggambarake masa tuwa, nalika manungsa refleksi diri. Watake ngadoh saka kadonyan, kaya wong sing lagi ngibadah. Maknane, manungsa kudu eling marang Gusti lan nyiapake urip sawise mati.

 

   10. Megatruh 

Tembang iki nggambarake sakaratul maut, nalika nyawa pisah saka raga. Watake sedhih lan getun, kaya wong sing lagi ninggal donya. Maknane, saben manungsa bakal ngalami pati, lan kudu tansah nyiapake diri.

1111. Pocung 

Tembang iki nggambarake pati, nalika manungsa dikubur. Watake sederhana lan apa anane, kaya kuburan sing prasaja. Maknane, pati iku pungkasaning urip manungsa ing donya, lan kudu dielingi.

 

Tuladha tembang macapat:

Saiki, coba simaken tuladha teks tembang macapat ing ngisor iki. Ayo padha diwaca bareng-bareng !!!

 

Nadyan silih bapa biyung kaki nini,

Sadulur myang sanak,

Kalamun muruk tan becik,

Nora pantes yen den nuta.

(Wulangreh,P:Maskumambang, Pd:58)

Terjemahan dalam bahasa Indonesia:

Walaupun ayah, ibu, kakek, nenek,

Saudara dan seketurunan,

Kalau mengajarkan hal yang tak baik,

Tidak pantas kalau diikuti.

Yen dideleng saka jenise, tembang ing nduwur kalebu jenis tembang macapat maskumambang, kang karacik saka 4 gatra saben pada (bait), pada siji karacik saka 12 wanda (suku kata), lan ndueni guru lagu I (tibaning swara/vocal ing pungkasaning larik), pada ke loro karacik saka 6 wanda lan guru lagu a, pada ke-3 karacik saka 8 wanda lan guru lagu I, lan ingkang larik pungkasan karacik saka 8 wanda lan guru lagune a. yen ditulis ringkes dadine tembang macapat ndueni guru gatra 4, lan guru wilangan lan guru lagu saben gatra 12 I, 6a, 8i, lan 8a.


Ayo gawe kelompok!

Gawe kelompok cacahe 10, saben siswa nggoleki lan nulis 1 contoh tembang sing dipilih, mari ngunu, para siswa nemoake paugeran tembang karo kelompoke. Banjur, haisl panemumu bisa digawe tabel kaya ing ngisor iki:

Tembang

Guru Gatra

Guru Wilangan lan Guru Lagu

Maskumambang

4

12 i, 6a, 8i, 8a.

Mijil

 

 

Kinanthi

 

 

Sinom

 

 

asmaradhana

 

 

Gambuuh

 

 

dhandhanggula

 

 

durma

 

 

pangkur

 

 

megatruh

 

 

Pucung

 

 

sawise menu paugeran tembang saben kelompok bisa presentasekno hasil kerja kelompok ing kelas! Pak Vicky bakal maringi panguatan, patuladhan utawa pangrapan supaya kowe luwih cetha.

Ayo padha ngringkes poin-poin penting sing wis disinaoni dina iki. Pak Vicky seneng banget karo partisipasimu kabeh! Ing pasinaon sabanjure, awake dhewe bakal sinau unsur basa ing tembang macapat.

"Matur nuwun kanggo dina iki. Muga-muga ilmu sing wis disinaoni bisa bermanfaat. Nganti ketemu ing pasinaon sabanjure!"