(BD X 1) Pangerten lan Struktur Artikel


    Sugeng rawuh para kanca kabeh. Kepriye pawartamu ??? padha sehat kabeh ta. Ing babagan pasinaon iki, kita kabeh bakal ngupadi pengertian lan struktur saka artikel ing basa Jawa. Yuk, padha duduhe mligi ing sasuwene artikel iki!

1. Pangerten Artikel 

Artikel yaiku karangan nyata kanthi dowo tertentu disebarake lewat koran, majalah, lan media massa liane.
  Tujuane wong kang nggawe artikel yaiku kanggo ngekeki tambahan ilmu pengetahuan ngeyakinake wong kang moco, lan gawe hiburan.
  Artikel bisa diartekake tulisan kang isine panemu, ide utawa fakta kang tarkadang nglelipur, ndhidik utawa nyaruwe sawijine babagan kang pinuju sinebar liwat medhia massa sacara online utawa offline

2. Struktur Teks Artikel

     Struktur teks artikel dalam Bahasa Jawa dapat mengikuti format yang mirip dengan artikel dalam bahasa lain. Berikut adalah struktur umum dari teks artikel dalam Bahasa Jawa

  •  Irah irahan : Irah irahan sajrone bahasa indonesia iku judul ,Irah irahan iku gawe ngewakilake isi ing sajrone artikel.
  • Pambuka: Pambuka iku tugase gawe mbuka isi artikel. Yen pambuka ora menarik , wong kang maca males nerusake macane ing artikel iku mau.
  • Isi : Isi tugase njlentrehno opo kang kape dijelasno. Inti saka artikel iku mau.
  • Panutup : Panutup iku tugase kanggo nutup artikel.

     Materi iki tansah dadi acuan kanggo ngliputi struktur artikel ing Basa Jawa. Coba semaken kanthi premati, teks artikel bab lingkungan hidup ing ngisor iki !


 Rusake Lingkungan Hidup

     Rusake lingkungan mujudake deteorisasi lingkungan kawistara saka ilange sumberdaya bumi, banyu, hawa/udara, curese kewan lan rusake ekosistem. Rusake lingkungan bisa mujudake salah sijine bebaya tumrap uriping manungsa. Bab iku wis nate dielingake dening ―High Level Threat Panel PBB‖. Rusake lingkungan amarga saka maneka warna sebab, sing paling gedhe pangaribawane yaiku krana pokal gawene manungsa.

     Lingkungan alam sing rusak bakal nduweni efek tumrap uripe manungsa lan nduweni potensi bakal kelakon anane bencana ing tembene. Rusake alam bisa disebabake dening faktor alam lan uga manungsa. Manungsa saya srakah lan ora nggatekne lingkungan. Kamangka menawa kita bisa njaga lingkungan, mesthi ora bakal gawe kapitunan tumrap awake dhewe lan generasi sabanjure. Kosok baline, yen kita bisa njaga, agawe kestarine alam, kaendahan lan mumpangate bisa kanggo anak putu. Lingkungan alam kalebu lemah, banyu, alas, lan hawa perlu dijaga supaya sumberdaya alam tetep lestari lan ngasilake paedah kang maksimal kanggo karaharjane manungsa.

     Lingkungan kalebu lingkungan biotik lan abiotik. Yen lingkungan rusak, bab iki bisa anjalari ekosistem darat, segara lan kabeh makhluk kang ana ing jagad iki rusak uga. Alam sing rusak nyebabake panguripane bakal ngalami owah-owahan. Kewan-kewan bakal pindhah panggonan golek papan sing bisa nyukupi kabutuhane.

     Karusakan alam sing paling gedhe disebabake dening manungsa katimbang faktor alam kang dumadine ora saben dina. Owahe iklim global ndadekake negara-negara maju nduweni kawigaten gedhe tumrap rusake Alam. Manawa iklim global owah, bab iki nyebabake munggahe suhu amarga akumulasi gas emisi ing atmosfer utawa uga bisa kaistilahake Global warming (pemanasan global). Indonesia minangka negara berkembang uga ngalami rusake alam kang nduweni dampak negatif tumrap karaharjane panguripan. Karusakan lingkungan amarga pokale manungsa nyebabake pageblug/penyakit, bencana lan kapitunan tumrap manungsa dhewe.

 

Rusake Lingkungan Saka Rubedaning Alam

     Akeh dhahuru kang anjalari rusake lingkungan hidup, salah sijine amarga gunung njeblug. Gunung njeblug mujudake salah sawijine aktivitas vulkanisme lan dumadine gejala alam. Kahanan iki ora ana sing bisa nyegah panjebluge gunung mau. Akibat mbledhose/njebluge gunung bakal ngrusak lingkungan amarga gunung muntahake sawernane material padhet sing nibane sawah, omah, alas lan apa wae sing ana sakupenge.

Rusake Lingkungan Amarga Pokale Manungsa
     Manungsa nduweni akal budi kanggo nyukupi kabutuhane. Nanging, sifat manungsa kang murka (srakah) njalari tumindake dhemen ngeksploitasi alam kanggo nggolek kauntungan tanpa winates, tanpa migatekake efek liyane. Maneka warna tuladha rusake alam amarga pokale manungsa yaiku banjir, longsor, illegal loging, alas gundhul, penambangan liar, pencemaran udara, pencemaran air, lan sapunanggalane. Yen manungsa isih tumindak kaya mangkono terus-terusan, mesti wae alam ora bakal bisa awet lan kapitunan bakal dirasakake manungsa dhewe.

     Ing garapan iki ana pitakon-pitakon kang gegayutan karo wacan. Pitakon iki wigati banget kanggo nyumurupi isine wacan ― Rusake Lingkungan Hidup‖. Artikel kang kokwaca mau ana perangan-perangane yaiku pangiring (pengantar), isine masalah, dudutan. Peramhan-perarangan mau diarani perangan strukturing artikel. Kanggo njajagi kawruhmu ngenani wacan mau, wangsulana pitakon-pitakon ing ngisor iki!
 

1) Apa kang bakal dumadi menawa lingkungan rusak?
2) Kepriye akibate manawa lingkungan kita rusak?
3) Apa mupangate yen alam dijaga kanthi becik?
4) Terangna apa wae kang njalari rusake lingkungan!
5) Apa kang koktindakake nalika meruhi rusake lingkungan?