Ngrakit Panggunaane Basa Rinengga (parikan)


 

   Sugeng enjang….Sugeng pitepangan malih kalian malka merdeka

   Kepriye pawartamu ??? Padha sehat kabeh tha???

 

   Sak derenge bahas babagan pasinaon iki,, ayo kabeh pada ndunga bebarengan kanthi khidmad supaya ilmu ingkang kita tampi saget migunani…

Dunga saget dipun wiwiti…

 

   Ing pasinaon sak durunge, kita wis bahas babagan pangerten, jenis lan panggunane basa rinengga. Ing pasinaon iki, para siswa kaajak makarya bebarengan gawe ukara kang endah gawe basa rinengga (parikan), kanca-kanca padha siap kabeh tha ??

   Kanggo nambah kreativitas para siswa kabentuk kelompok hebat kang isa dideleng ing ngisor iki !

1. Kelas X ATAN 1

2. Kelas X ATAN 2

3. Kelas X ATAN 3

4. Kelas X ATAN 5

5. Kelas X AP 1

6. Kelas X AP 2

7. Kelas X TO

 

Tugas kabentuk deneng 2 unggahan,

Unggahan 1:

  1. Para siswa ngrakit bebarengan (tiap kelompok) 10 parikan kanthi tema : pendidikan, suba sita, tresno asih, khurmat marang wong tuwa (tiap kelompok bisa milih salah sawiji utawa kabeh tema).
  2. Tugas katulis ing  MS Word
  3. Format nama file : kelompok_kelas
  4. Format Isi Tugas : jeneng kelompok, jeneng anggota, lan parikan
  5. Tugas kelompok diunggah ing kantong tugas
Unggahan 2
  1. Para siswa ngrakit minimal 2 parikan hasil karyane
  2. Para siswa kanthi kreatif bisa ngehias calon unggahan karya
  3. Para siswa ngunggah hasil karyane ing media sosial (ig/fb)
  4. Hasil unggahan di tangkap ;ayar utawa salin alamat lan katulis ing tugas kelompok dipun paringi jeneng siswa. 
   Yaiku mau tugas ngripta (nulis) panggunaane basa rinengga ing kabentuk parikan Jawa. bokmenawa enek sing dak kok takokne bisa takok gurumu ing menu Tanya Guru.
 
Santen godhong pare
Ndemek areng ireng tangane
Cekap semanten materine
Sugeng ngrakit karyane