Ninthingi Struktur Teks Geguritan


 

     Kepriye pawartamu ??? sehat kabeh ta... ayo sak ini bareng-bareng ninthingi struktur teks geguritan. nanging sak durunge podo ngisi daftar hadir.  Ing kene, para siswa bakal kaajak maneh nyinaoni struktur geguritan. Struktur geguritan iku ana struktur lair lan struktur batin.

 A. Struktur Lair

Struktur lair yaiku wujud kang bisa dideleng lan dituduhake ing geguritan. Kanggo ngenali struktur lair geguritan, para siswa kudu ngeling-eling marang tembung, ukara, gatra, pada, lan tata panulisan kang ana ing geguritan. Ing kalodhangan iki, struktur lair kang dirembug yaiku; 

1. Tipografi- Blegere Geguritan

         Sing dimaksud tipografi yaiku wujud nyata kang bisa dideleng langsung. Ana geguritan kang ditulis mepet baris kiwa, mepet sisih tengen, ana uga kang rata ing tengah. Ana uga kang tembunge cekak-cekak, dawa banget. Ana kang saben gatra diwiwiti aksara gedhe, nganggo aksara cilik. Ana kang nggunakake tandha titik (.), panyeru (!), ana uga kang babar pisan ora nggunakake tandha pamaca. Iku kabeh murni wewenange panggurit, lan pamaos nduweni wenang kanggo ngartekake tipografi mau.

2. Imaji – Panyitra

    Sajrone geguritan para panggurit nggunakake tetembungan kang nduweni daya panyitra/imaji kanggo nglairake gagasane. Panyitra geguritan iku ing antarane pandeleng, pangrungu, pangganda, pangrasa, lan panindak. Umpamane ana ukara 'arume asmamu' (ganda), 'kumrosake banyu' (swara), 'endahe esemmu ibu' (pandeleng), 'abote panandhang iki' (pangrasa). Amarga geguritan nggunakake basa minangka sarana, mulane yen para siswa bisa nemokake daya panyitra/ imaji ing sawijining geguritan, iku bakal dadi sangu kang wigati banget kanggo nyinau lan ngerteni isine geguritan. 

3.  Gaya - Lelewane Basa

          Lelewane basa ing geguritan yaiku kaendahan tembung lan ukara, lan basa kang digunakake dening panggurit. Kang kalebu ing lelewane basa: tembung Kawi, pepindhan, tembung entar, tembung saroja, yogyaswara, lan sapanunggalane. Kepriye lelewane panggurit nggunakake basa kang endah ing geguritane bisa nuduhake sepira endahe geguritan kang diripta.

          Panggurit tansah milih tembung-tembung kang bisa kanggo sarana nglairake maksud lan gagasane. Pamilihe tembung (diksi) mau ditata, direngga murih endah lan bisa nuwuhake rasa tartamtu kaya karepe panggurit.

4. Enjambemen – Tembung Sumambung,

          Ing geguritan, enjambemen iki asring digunakake dening panggurit. Enjambemen ing kene diarani tembung sumambung, yaiku tembung-tembung kang sengaja diseleh ing akhir gatra utawa madeg dhewe ing sawijining gatra, kang gunane kanggo nguwatake gatra ing dhuwur lan ing sangisore. Tuladhane mangkene:

   pancen kang/

   mimpin iku dudu/

   empuke kursi kok....

 

5. Purwakanthi

        Purwakanthi iku nggandheng utawa melu karo sing wiwitan utawa sing ana ing ngarepe. Purwakanthi iku tembung kang nnduweni swara runtut lan lumrah tinemu ing karya sastra kaya dene ing geguritan. Bisa runtut ing sagatra, bisa uga runtut ing antarane gatra. Kanggo meruhi anane puwakanthi, para siswa kudu ngenali jenis purwakanthi

a.  Purwakanthi guru swara :

Yaiku aksara swara (vokal), swarane kang runtut.

Ibu kang dakderes iki luh-mu/

Dadi srana lelaku.

 

Ing kutipan iku swara akhire padha yaiku swara u.

 

b.  Purwakanthi guru sastra :

     Geguritan nduweni purwakanthi guru sastra yen sing runtut nurut sing ngarep aksara sigege (konsonan). Kanggo nggoleki purwakanthi guru sastra, para siswa kudu ngenali jinis-jinis konsonan. Jinis-jinise konsonan, kaya ta : w, p, m, b iku diarani aksara lambe (bilabial); h, k, g, ng iku padha dene aksara sigeg ing gorokan (velar); n, d, t, s aksara untu (dental); c, j, y, ny aksara cethak (palatal), lan r, dh, l, th aksara ilat (alveolar).

   Tuladhane: dakantu tekamu/kaya wengi kapungkur/ gemriyak swaramu paring lelipur/. Yaiku swara gorokan ing tembung dakantu, tekamu, kaya, wengi, kapungkur, gemriyak. Yen diwaca bola-bali lan dirasakake nyebabake geguritan dadi kepenak lan lancar. Apamaneh ing kono uga ana purwakanthi swara ur ing tembung kapungkur lan lelipur.

 

c.  Purwakanthi guru basa utawa purwakanthi lumaksita :

   Yaiku purwakanthi kang ngurutake wanda (suku kata) utawa tembung. Dadi ana wanda, tembung kang sengaja dibaleni dening panggurite. Kalebu ing purwakanthi guru basa menawa ing geguritan sengaja nggunakake ukara kang dibaleni maneh (repetitif). Ukara kang dibaleni iku lumrahe ing wiwitane pada.

    Tuladhane: 

      jalaran dheweke jatining tresna//

      asalira tresna/ busana tresna/

     watak tresna/ jatining tresna.

 

   Tembung apa sing dibolan-baleni dening panggurite? Bener, tembung tresna

 

B. Struktur batin

Kejaba struktur lair uga ana struktur batin, yaiku wujud geguritan kang ora kasat mripat. Struktur batin iki diwangun dening struktur lair mau. Mulane antarane struktur lair lan struktur batin geguritan iku padha pentinge (wigatine). Kanggo nemokake isi, arti, maksud, lan tujuan panggurit bisa ditintingi saka lelorone. Kang kalebu struktur batin geguritan yaiku

 

1.    Tema – gagasan pokok

          Tema yaiku gagasan pokok kang dadi dhasar panggurit ngrakit tembung dadi geguritan. Geguritan iku nggunakake sarana basa, mula kaya sipate basa, geguritan kudu nnduweni surasa/makna. Bab utawa gagasan pokok sing ndhasari panggurit nulis geguritan diarani tema geguritan.

 

2.    Wirasa-swasana

       Yen masakan, rasa iku ana legi, pait, asin, tawa, getir, pedhes, lan sapiturute. Dene rasa-swasana ing geguritan iku bakal nemokake kepriye tanggapan utawa panemune panggurit marang gagasan pokok ing geguritane. Wirasa-swasana ing geguritan iku bisa awujud pangalembana, pakurmatan, pangajak, seneng, sedhih-prihatin, nesu, ngelikake, lan sipat-sipate manungsa liyane. Gampange mangkene, nalika ana musibah banjir (tema), panggurit bisa sedhih, bisa nesu, bisa uga malah nyokurake. Lha, kabeh rasa-swasana mau bakal nuwuhake piweling-amanat kang dadi tujuan ing geguritan.

 

3.    Amanat – tujuan/pesene panggurit

    Saben panggurit mesthi nnduweni tujuan nalika ngarang geguritan. Tujuan utawa amanat iki didhelikake, sinandhi ing walike reroncen tembung, ukara, gatra, lan pada ing geguritan. Amanat/pesen iki sing kudu ditemokake dening para siswa. Sinau geguritan diarani kasil yen para siswa wani gawe dudutan, banjur kandha mangkene, “iki lho tujuane panggurit lumantar geguritane!” Amanat-tujuan ing geguritan iku lumrahe bisa dituduhake lumantar kutipan ukarane, kanggo bukti kang nyengkuyung panemumu.